MAKAM PANEMBAHAN BODHO
JEJAK WALI
(1). MAKAM WALIYYULLAH SYEIKH PANEMBAHAN BODHO
Pesarean Kanjeng Syeikh Panembahan Bodho dumunung wonten ing Dusun Pijenan Wijirejo Pandak Bantul Yogyakarta...
Kacarios Kanjeng Panembahan Bodho menika kagungan Asmo asli Raden Trenggono.
Miturut silsilah sejarah ,Raden Trenggono taksih trah darah Prabu Browijoyo Pamungkas kalebet buyut saking Raden Aryo Damar ingkang Jumeneng Adipati Palembang putro Prabu Browijoyo V, injih Ratu Majapahit.

Raden Aryo Damar utawi Adipati Palembang, kaparingan putro kalih cacahipun.
Kekalihipun kakung, mijil saking garwo ingkang asesilih Dorowati Murdaningsih ingkang ugi kasebat Puteri Doro Pethak.
Kekalihipun kakung, mijil saking garwo ingkang asesilih Dorowati Murdaningsih ingkang ugi kasebat Puteri Doro Pethak.
Wondene Putro kekalih kolo wau pun paringi asmo Raden Khasan soho Raden Kusen.
Raden Kasan meniko ingkang samangke kawentar minongko Raden patah , sultan wonten Demak Bintara, lan sak meniko sumare wonten ing Demak.
Wondene Raden Khusen jumeneng minongko Adipati Terung kaping I
Ingkang ugi kasebat Adipati Pecat tondo utawi Adipati Terung
Lengseripun Adipati Terung I, kagantos Adipati Terung kaping II, ingkang saklajengipun peputro Raden Trenggono, injih ingkang kasebat Kanjeng Syeikh Panembahan Bodho.
Ing naliko taksih mudho, Raden Trenggono, dados nem-neman ingkan bagus, gagah pidekso.
Wonten satunggaling dinten Raden Trenggono tindak-tindak nitih kudo. Wonten saktengahing margi pinanggih kaliyan pawongan sepuh. Pawongan sepuh kolowau ngendiko sajak nyemoni : ” Menowo Gagah yo Gagah, Ganteng yo Ganteng, Cahyaning murub Abang, Ananging Amung koyok Kembang Worawari "

Pangandikan kolo wau Amengku teges; Bagus, ngganteng ,gagah perwiraning diri, tanpo guno menawi mboten kaginakaaken berjuang kagem sesami soho kangge bongso lan negari. Bebasan kadyo kembang worawari, ingkang resep, endah lan asri, ananging tanpo nyebar gondo wangi.
Midanget pangandikan kolowau, Raden Trenggono duko yayah sinipi. Piyambakipun rumaos dipun ino soho dipun remeh aken.
Raden Trenggono mlajar ngluru pawongan sepuh kolo wau. Ananging dasar pawongan ingkang sekti mondroguno, Sakedheping Netra Bablass tanpo tilas, ilang sak naliko.
Kadadosan meniko andadosaken Raden Trenggono mboten jenjem penggalihipun, sawetawis mawas diri, metani sedoyo tindak lampahipun. Pasemonan pawongan sepuh kolowau hanamung sak klimah ananging rumaos tumunjem wonten saklebeting ati,

Ing saklajengipun Raden trenggono Tindak ngupadi pawongan sepuh kolo wau, kanthi niat badhe anggegulang ngelmi.
Pungkasanipun Raden Trenggono saged pinanggih wonten saklebeting wono. Atur sembah sungkem soho niat nggegulang ilmi kakaturaken.
Kanyatan pawongan sepuh kolo wau mboten sanes Injih KANJENG SUNAN KALIJAGA utawi SUNAN QODLI
Kanyatan pawongan sepuh kolo wau mboten sanes Injih KANJENG SUNAN KALIJAGA utawi SUNAN QODLI
Raden Trenggono gadah niat badhe ndarmo betek aken jiwo rogo soho kepinteranuipun dateng sesami. Angawiti gegayuhan meniko, piyambak ipun dados santri lan ngabdi dumateng SYEIKH KI AGENG GRIBIG ing Jatinom Klaten.
Keranten lantipipun, Raden Trenggono Enggal saged buntas sakehing ngelmi agami. Ing pungkasanipun, malah kapundhut putro mantu SYEIKH KI AGENG GRIBIG, kapikantuk aken aken kaliyan putrinipun ingkang asesilih Putri Kedupayung.
Saking garwo meniko mijil putro kalih inggih Raden Cokrowesi Kaliyan Raden Surosekti.
Saking garwo meniko mijil putro kalih inggih Raden Cokrowesi Kaliyan Raden Surosekti.
Perjuangannipun Raden Trenggono ing babagan siar agami Islam, kanyatan pikantuk panyengkuyung saking poro kawulo. Kabukten soyo dangu soyo kathah santrinipun, saenggo saget ambabar papan-papan pangibadahan.
Kados bopo gurunipun, injih poro wali,
Raden Trenggono nindak aken syiar agami mboten nate cengkah kaliyan tradisi budoyo jawi ingkan tansah dipun pepetri. Malah tradisi ingkang sampun lumampah kadodasken sarono kangge siar agami.
Raden Trenggono nindak aken syiar agami mboten nate cengkah kaliyan tradisi budoyo jawi ingkan tansah dipun pepetri. Malah tradisi ingkang sampun lumampah kadodasken sarono kangge siar agami.
Kathah papan-papan pangibadahan ingkang saget kababar,
Kadosto, wonten ing Sedondong Nanggulan kulon Progo.
Ugi wonten Kauman Wiijirejo, ingkang arupi masjid, ingkang sakmeniko pun paringi asmo Masjid Peninggalan Kanjeng Panembahan Bodho ”Masjid Sabiilurrosyaad kauman”

Masjid Syabilurrosyaad Kauman, mapan wonten Dusun Kauman kalurahan Wijirejo , watawis 1,5 km saking papan meniko. Ngantos wekdal meniko tansah kauri-uri deening poro jamaah. Sinaoso sampun pundandosi serambinipun, ananging taksih kathah peninggalan ingkang taksih asli, umpaminipun, bangunan induk masjid, mustoko, sumur, watu gilang lan sanes-sanesipun.
Raden Trenggono dados ulama, injih pendekaring siar Agami Islam wonten ing kukuban Kauman Pijenan kirang langkung 20 tahun.
Ing Naliko semanten wonten utusan saking ingkang Romo, injih Adipati Terung II. Keng Romo ngersak aken Raden Trenggono enggal kondur.
Ingkang sak mangke kasuwun nggantos kelenggahan Adipati. Ananging Raden Trenggono mboten saget minangkani dawuhipun ingkang Romo.

Piyambak ipun sampun rumaos mantep lan tentrem ayem dados ulama lenggah wonten kukuban Kauman Pijienan. Sanes drajat, pangkat semat ingkang pun udi, ananging hanamung katentreman ati. Anengenaken kebetahaning sesami soho nilraken kabetahan diri pribadi.
Amargi mboten kerso mukti nglenggahi Adipati meniko kolo wau, lajeng pun kathah tiyang amastani Bodho utawi Ki Bodho.
Wonten riwayat sanes nyebataken,
Ing naliko semanten, wonten kabar menawi tanah jawi badhe kedatengan mengsah saking monco negari, injih bongso Portugis.
Raden Trenggono sak konco samekto perang ngadepi mengsah. Kanthi mbangun pos penjagaan wonten kukuban Pantai selatan.
Swanten jlegar-jlegur ingkang pun wastani suwanten meriem, kanyatan anamung swanten ombak laut pantai selatan. Nyumerepi kadadosan kolowau KANJENG SUNAN KALIJAGA, mastani Raden Trenggono taksih Bodho utawi lajeng kasebat Kyai Bodho.

Pangandikan sanes, ngriwayataken Raden Trenggono minongka pawongan ingkang gadah kapribaden lembah manah, andhap asor.
Tebih saking gumedhe , kumalungkung, riyak utawi sombong.
Sinaoso sejatosipun piyambak ipun lantip, saget inga samudayanipun, krono andap asoripun nampi sesebutan Kanjeng Panembahan Bodho.
Tebih saking gumedhe , kumalungkung, riyak utawi sombong.
Sinaoso sejatosipun piyambak ipun lantip, saget inga samudayanipun, krono andap asoripun nampi sesebutan Kanjeng Panembahan Bodho.
Kanjeng Syeikh Panembahan Bodho utawi Raden Trenggono sedo wonten ing tahun 1600 Masehi. Kasarek aken wonten papan meniko injih Pasarean Makam Sewu Wijirejo Pandak Bantul Yogyakarta
Mboten dangu Sak sampunipun sedanipun Kanjeng Syeikh Panembahan Bodho, Garwo ingkang kaping kalih, ingkang asmo Nyai Brintik , Putra putrinipun Raden Santri saking Gunung Pring Muntilan sedo
Kacarios Sedoyo Putra Putranipun Kanjeng Syeikh Panembahan Bodho Saking Garwa Kekalih Menika Anurunakên Gangsal
1.PANEMBAHAN COKROWESI
2.PANEMBAHAN SUROSEKTI
3.KYAI AGENG NURUDIN CONDRO KUSUMA
4.KYAI AGENG GADING CONDRO KUSUMA LAN
5. NYAI AGÊNG RAGIL KUNING
2.PANEMBAHAN SUROSEKTI
3.KYAI AGENG NURUDIN CONDRO KUSUMA
4.KYAI AGENG GADING CONDRO KUSUMA LAN
5. NYAI AGÊNG RAGIL KUNING
Ngantos dumugi wekdal sakmeniko, Pasarean Makam Sewu ugi Kathah ingkang Sami Ziarah Ngalab Barokah utawi Tawasulan, Langkung langkung wonten ing saben-saben malem jumat kliwon utawi malem seloso kliwon.
Pesarean Makam Sewu menika saklintunipun Kanjeng Syeikh Panembahan Bodho ugi Kathah Makam2 Para Ulama Misuwur Lan Para Priyagung ingkang tasih mapan setunggal lokasi Kados
SYEIKH BUKHORI
SYEIKH KYAI SECODEWO
SYEIKH KYAI THOHIR
KANJENG KYAI TUMENGGUNG JOYO MARTO SURO lak sakpiturutipun...
SYEIKH BUKHORI
SYEIKH KYAI SECODEWO
SYEIKH KYAI THOHIR
KANJENG KYAI TUMENGGUNG JOYO MARTO SURO lak sakpiturutipun...
Mekaten sekedhik riwayat Panjenenganipun Waliyyullah Kanjeng Syeikh Panembahan Bodho Makam Sewu
Kirang Langkungipun nyuwun agunging pangapunten
Kirang Langkungipun nyuwun agunging pangapunten
No comments:
Post a Comment